CERPEN B.JAWA SINGKAT

Cerpen B.Jawa IMRONKRENDEP CERPEN BAHASA JAWA

PILIH SALAH SATU CERPEN DI SINI:


"WEBSITE IMRON HENDRIANSAH"
"GARUDA PUTIH"
Dening : Suparto Brata
Garuda Putih yaiku durjana kang kondhang ing Surabaya. Akeh kadurjanan kang wis dilakokake. Ananging angel banget dicekel dening para polisi. Garuda Putih wis suwe dadi buronane polisi. Nanging dhweke julig, tansah nduweni cara kang cerdhik nalika gawe tindak kadurjanan Kadurjanan keri dewe kang dilakokake dening Garuda Putih yaitu kasus Abisuna kang mati diprejaya Garuda Putih. Sadurunge Garuda Putih wis gawe kadurjanan gedhe ing Surabaya, dadi maling ana ing toko rajabranane Pak Suryapringga, Surabaya. Dheweke bisa njukuk bandha kang akeh tanpa bisa dicekel polisi. Sawise ngrampok Garuda Putih ninggal pesen kang tulisane “Sing njukuk aku, Garuda Putih!” ana ing serbet hotel ajeneng Hotel Argadalu. Polisi ngerasa ketantang ditinggali layang kaya ngono dening Garuda Putih. Karepe polisi nyekel Garuda Putih saya memba-memba. Kasus kadurjanan ing toko rajabranane Pak Suryapringga durung beres, teka meneh kadurjanan dening Garuda Putih kang kasil mrejaya wong selingkuh ana ing Hotel Tretes ajeneng Abisuna. Polisi digawe budreg maneh. Garuda Putih ra kecekel. Abisuna yaitu salah sawijining pejabat pamrentah kang lagi tugas ana ing dhaerah cedhak Tretes. Abisuna pamit marang bojone arep lunga kaprelu tugas kepara seminggu, ananging malah nggawa wong wadon liya turu ana ing Hotel Argadalu, Tretes. Wong wadon iku jenenge Emi. Wong wadon langganan kang wis biasa dikontrak gawean ngancani turu wong liya. Ananging bojone Abisuna wis kongkon marang Bagus Pamutih supaya ngawat-awati tindak-tanduke Abisuna ana ing Hotel Argadalu. Bagus Pramutih uga dadi sasaran wong sing mrejaya Abisuna amarga pas mati, dheweke lagi nginep neng hotel kono kanthi kaprelu ngawat-awati Abisuna.
Abisuna katemokake mati dikendhat ana ing ngara-ara mburi hotel dening Manik lan Wicaksana, kang padha-padha dadi tamu hotel. Ana ing njero klambine Abisuna ana pesen kang tulisane “Paukumane kanggo wong slingkuh”. Tulisane iku persis karo tulisan ana ing pesene Garuda Putih nalika ngrampok toko rajabranane Pak Suryapringga. Iku ngapa sebabe kang disujana dadi pelakune yaiku Garuda Putih. Pihak kepolisian kang dipimpin Kapten Muhajir digawe budreg maneh anggone ngrampungke perkara iki merga bukti kang diduweni ya mung padhane tulisan kang dinggo ngirim layang ana ing kadurjanane Garuda Putih. Pihak kepolisian kang ngrampungke perkara iki diewangi dening detektip kondhang, yaiku Detektip Handaka kang wasis anggone mbedhah perkara-perkara kadurjanan. Detektip Handaka nyujani tunangane Rara Sumarni, yaitu Guritno. Rara Sumarni yaiku penakane Suhud kang nduweni hotel Argadalu. Perangane persis Garuda Putih sanajan jenenge disamar dadi Guritno. Detektip Handaka nyujani yen anggone nglakokake tindak kadurjanan Garuda Putih kui liwat Rara Sumarni kang cedhak karo wong-wongane hotel Argadalu. Ananging kui mau mung lagi dadi sujanane pihak kepolisian lan Detektip Handaka. Ceritane gumantung amarga durung ana bukti kang kuat kanggo nyekel Garuda Putih.

"SANDAL ANYAR"

Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane. “Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis. “Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine. Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal. Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar. Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka. “Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka. “Nggih pak,kula ajeng usaha,” Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane. “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane. “Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake. “Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar.
Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik. Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane. “Assalamualaikum. Bu,pak.” “Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka. “Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.” “Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga. Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar. “Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine. “Sing werna pink mba!” Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek. “Matur nuwun ya mba.” Atine Eka tambah bungah.

"KEMBANG TURU LAN TRESNA"
Suruping donya wis ganti dadi esuk,suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak omah, nangiake wong wadon sing turu ing kasur putih.Kamare ora rapi nanging bisa gawe penak sing duwe .Satumpuk buku-buku pelajaran ning dhuwur meja, sing membengi bar dinggo sinau dijupuk lan dilebokake ning tas.Sepasang sandal sing ana ing ngisor amben dinggo banjur mlaku liyat-liyut pinuju kamar mandi sing cedhak karo ambene.Dheweke banjur adus,ora lali nanggo sabun lan shampo. Sakwise adus banjur metu seko kamar mandi lan nganggo seragam putih abu-abu sing anyar ketok cocok dinggo, wong wadon iku banjur mlaku pinuju kaca sing ana ing cedhak rak-rakane.Nyisiri rambute sing dawa,alus lan endah.Ora lali nganggo jepitan pita warna abang saengga nambah gawe ayune.Mbak inah sing gaweane ngrawat wong kuwi dawuhi Dinda pinuju mangan ing meja makan. Sakwise iku, Dinda wis nganggo seragam rapi lan tas sing kebak karo buku pelajaran musik.Kabeh keluargane wis nunggu arep sarapan bareng. Dinda banjur mangan lan langsung mangkat sekolah.Nanggo motor , Dinda nge-gas banter banget pinuju sekolahe sing cedhak karo omahe.Pak Satpam ning arep gerbang maringi aba-aba tanda gerbang wis arep ditutup.”Tunggu pak, gebange ampun ditutup rumiyin.Kula ajeng mlebu pak,Tulung bukake pak..”suwun Dinda.“kowe ki rak siswa anyar ,mangkat sekolah kok awan ngene iki.Iki ki lagi sepisanan mangkat sekolah,eh kok telat..piye nek dina sateruse.” tutur pak satpam. Dinda meneng nggolek akal supaya bisa mlebu,Dinda gawe rupa melas kaya wong telung dina ora mangan.Ngrasa mesakake pak satpam banjur mbukake gerbange.”awas yo ,nek sesuk telat maneh! Ora arep tak bukake gerbange…!” pak satpam nggrundel. Dinda langsung markirke motor trus mlebu kelase sing anyar. Kelase apik lan mewah kanggo sekolah seni.Ruang kelase jembar serta akeh benda –benda sing bisa gawe suara merdu kayata piano,drum,gitar listrik,gitar akustik,terompet,harmonica,biola lan sapanunggalane.Temboke dikeki ukiran gambar –gambar tembang. Pokoke kabeh serba tembang..”apa bener kowe sing jenenge Dinda Sukma Putri??? takon bu guru . Dinda nanggepi ulas-ulas “ Ee…enggih bu..Kula Dinda Sukma Putri.Bu guru saged nimbali kula Dinda mawon.Kahanan opo iki,Dinda ora reti.Dinda mung bisa mikir lan nebak –nebak wae.Manapa kok bu guru iso nakoni kayo ngono. Apa amargi dinda suwi mlebu kelase apa amargi ora nggedok lawange. Apa apa??? Lamunane rampung sakwise bocah wadon ayu ning ngarepe ngayonke tangane ning arep rupane.”Hey..dinda…kowe ki ngapa ??apa kowe lagi loro?? Ngapa kok rupamu koyo wong sing lagi ndelok hantu gentayangan..?” Dinda dadi kaget krungu ana hantu gentayangan “haa?? Apaa???hantu ??? hantu endi hantune ??? simbahku bisa ngusir hantu lho ..? ben tak celuke simbahku supaya hantune ditangkap..Kabeh meneng pada binggung siji lan sijine. Sakwise kuwi kelas sing maune tenang dadi rame..” hhaahaa… Dinda Dinda..kowe ki ngomong apa ta ?? hantu ?? Jelas-jelas hantune ki kowe.. kok malah takon ,.kowe ora reti ta? Kowe ki kaya hantu.Rambutmu dawa,ireng,kulitmu putih kaya susu,ditambah bunderan ireng nang matamu.Coba kowe madhep mburi.mesti ana bolongane ..,hahaha”omong salah siji murid lanange. Dinda nutupi matane ,dheweke isin amargi bunderan ireng nang matane kuwi disebabake kurang turu.Dinda kelingan membengi turu jam siji mbengi amarga kesenengan gawe lagu aransemene . Bu guru nakoni Dinda “ membengi kowe turu jam pira Dinda?? kowe ora kelingan nek hari iki hari sepisanan mangkat sekolah ta ?” Dinda sing isih isin mbukak tangane sing nutupi rupa ayune.” Kula nyuwun pangapunten bu..”Buguru maklumi wangsulane Dinda trus neruske pelajaran kepisan mau sing sempet mandhek.”Yowis..anak-anaku,sak iki bu guru pengin reti bakat kepisan kowe kabeh,mboh kuwi nari,nyanyi,mainke alat musik terserah kowe,sing penting maju nang ngarep.” Siswa pada maju nang ngarep nunjukake bakat sing diduweni.Bocah lanang kang perawakane dhuwur,rambut ireng,ganteng maju nang ngarep.Slirane banjur nari,Tangane tengen lang kiwa cakap madukake karo tembang rep ring ding dong ring ding dong…Tangane kaya sayap garuda sing mabur ing angkasa.sikile kaya robot modifikasi sing wis canggih,Ing pungkasan , tariane sempurna banget.Suara keplokan saka siswa laine nggelegar.. mak dheg rasane ning ati Dinda nalika wong lang kuwi mau mlaku pinuju ing ngarepe lan nepuk pundake sing cilik.” Saiki giliranmu,..moga sukses anggonmu maju..”Batine Dinda rada geter kaya wong kang lagi ketaman asmara. Dinda banjur maju ning ngarep lan mulai aksine..aksine sing luar biasa.. Suara piano kang merdu..endah,,alus,,lan tentrem.. kabeh siswa pada larut karo suara merdune.
Ana lagu ning kalbuku, Kuwi lagu sing nggawe aku tentrem, Meneh lan meneh, Aku nduwe angen, Angenku ora bakal mandhek nang kene, Aku percaya karo mimpiku, Aku mung wong wadon sing duwe mimpi, Aku percaya karo mimpiku, swara keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh.para siswa seka kelas liya pada melu ndelok lan keplok-keplok.Ana wong wadon ayu ndelok Dinda akeh iri.” Aku..ora bakal kalah karo kowe,kowe mung itik kang elek rupa sing mung sepisan untung,..namung aku pada kaya itik kang endah sing mbendina untung “Linda ninggalke kelas iku,. ~~nang kantin sekolah~~ “Wahh…penampilanmu apik banget din, suaramu merdu lan alus bisa gawe tentrem nang atiku…”omong Siska. ”Luar biasa, bakatmu luar biasa din..tanganmu trampil mencet grand piano kuwi..” tambah wong lanang keriting iku…Kamangka, Siska lan Bimbo duwe bakat sing pada luar biasane..siska sing duwe awak apik bisa nari,..lan Bimbo sing setya karo gitare sing digawa nang ngendi-ngendi. ~~6 wulan sakwise ~~ Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane.Angene nerusake sekolah ing luar negeri yaiku Universitas Seni London gedhe banget.Nalika dina kang untung Dinda entuk pengumuman saka Ibu guru. “Anak-anaku ,,Ibu arep ngumumake kanggo kepirang siswa.Ibu pengin ngucapake selamat kanggo kowe kabeh,moga kowe kabeh bisa sukses..” Suasana dadi rame lan kabeh siswa dadi penasaran ..” menapa pengumumanipun ibu guru ?? Mboten sah gawe kita penasaran.” Sakwise suasana tenang ibu guru nerusake pituture mau.” Dinda,Siska,Linda,Bimbo,lan Rando entuk beasiswa sekolah Nang Universitas Seni London tanpa biaya ,kowe yo podo entuk pesangon saka pemerintah.Sak wulan mengkas kowe podo arep Ujian Akhir,ibu guru ngarep kowe bisa nampilke sing terbaik nang ngarep juri,”Kabeh kaget,sing utama kelima wong mau.Dinda kaget,Akhire angenne bisa kelakon.Mak plong rasane kaya entuk dalan nggayuh angene saksuwene iki. Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe.Siswa-siswi gantian munggah panggung lan nampilke tampilan sing paling apik.Kabeh siswa ora reti sing ditampilke apik opo ora,sing penting wis usaha nampilke sing paling apik. Saiki gilirane dinda,dheweke ngrasa gugup.Aneh.Padahal biasane ora ngrasa gugup kang gedhe banget kaya ngene.Wong saka mburi nepuk pundak Dinda,”Kowe mesthi bisa Dinda,Kowe kan wus latihan keras nganthi saiki ta ? ngapa mesthi wedi apik apa ora.lakonke sing terbaik SEMANGAT.Oke?? “ Rando mbagekake grapyak.Dinda mesem lan ngangguk “oke,, nuwun ya Ndo,penampilanmu mau apik banget lho,aku seneng karo tarianmu “ Rando sing ana ing ngarepe mung bisa ngguyu “hahhaa..ngapa mung seneng karo tarianku,,,lha nek karo aku seneng ora ??? hahaha” Dinda kaget.Dheweke ngguyu karo ngrasa isin banjur munggah panggung. Nang donya iki , mimpi dadi wong bodho iku ora ana…Aku persembahke lagu iki kanggo wongtuwaku,guru-guruku,lan wong sing lagi wae maringi aku semangat….Dinda langsung nyanyi,.Swara gitar sing dipetik dinda kaya lagu nang surga kang bisa damai lan tentremake ati kang lagi gundah.Kabeh terpesona,kalebu juri kang ana ing ngarep.Sakwise kuwi,acarane rampung. Akhire dina keberangkatan pinuju London wis cumepak.Nang pesawat.wong wadon nyedhaki dinda.Wanita kang duwe tatapan tajam kang bisa gawe dinda sethitik ora nyaman.”kowe mesthi ngrasa seneng ta?.saiki kowe bisa seneng sikek.Segedhe apa usahamu,kowe bakal kalah saka aku “ Dinda kaget lan mesem sethitik dipeksa “ akuu ….akuu ora bakal kalah saka kowe..” Linda karo meseme sing sinis mangsuli “ lakonke sing terbaik,kawan..” Meneh lan meneh,dinda digawe kaget karo wanita iku.Sikep lan tindak –tanduke sing saksuwene iki ditunjuke mung dinggo gawe aku terpacu bisa menang.Linda banjur lunga ninggalke dinda sing isih kaget. Sakwise penerbangan puluhan jam,akhire tiba nang London.Dinda mlaku nang antara wong-wong kan lalu lalang nang bandara,Rando saka mburi ngampiri Dinda sing kabotan gawa kopere.Rando mbantu nggawakake koper gedhe iku..”piye…?perjalanane,nyenengake ta ? rando takon. “ nuwun ya Ndo,..” wangsulane dinda kang swarane nganggo nada rendah saengga rando ora bisa krungu suwarane.”nuwun wis dadi Inspirasiku sak suwene iki…” dinda neruske omongane.Wong loro kuwi mung pada ngguyu lan ngrasake isin pinuju bis kang nganter ning penginapan. Kembang turu,Tresna,krasa bahagia umpama nduwe rasa iku.Usaha,kerja keras lan donga kang dadi utama dinda bisa nggayuh impene.Dinda reti,perjalanane ora mung mandhek ketok kene.Dheweke pengen sinau,lan nggolek pangerten apa kang sebelume ora diretini.Dinda wani duwe pangangen-angen,lan pangangen-angen kuwilah kang bisa nganterke dheweke ketok kene. 6 wulan sakwise, Dinda terus terusan sinau supaya bisa ngembangke bakat sing di duweni.Bocah iku ngrasa ora puas karo kemampuane. Dina arep ujian akhir samsaya cedhak,Dinda sinau kanggo ujian,dheweke ora gelem gawe kuciwa wong tuwane lan kancan-kancane.Dinda wis duwe lagu sing dikarang dhewe kanggo tampil sesuk nang ngarep juri. Panggung wis disusun rapi panitia.Juri-juri wus pada manggon nang kursine dhewe-dhewe

"Guru"

Sêjatinê aku ora pati srêg dadi guru. Nangíng piyé manèh. Wóngtuwaku guru, masku dhosèn, mbakyuku bojoné kêpala sêkolah SMP, kakangmasku síng sijiné guru SMK, banjúr aku síng ragíl ya kudu dadi guru. "Múl, ijazahmu luwi rak såkå IKIP. Lha yèn ora gêlêm mulang trús arêp nyambút gawé åpå? Olèhku ngragati kowé ora sithík. Yèn ngèlmumu ora kók gunakaké têrús piyé?" ngêndikané Bapak. Yèn wís ngono kuwi lan kêbênêran kabèh sêdulúr nglumpúk, kåyå olèh dalan anggóné ngrumpyúng aku. Aku ya múng mênêng, karo mèsêm. Sidané aku kêpêkså nglamar guru, pas ånå lówóngan dadi guru kóntrak utåwå guru bantu. Sênajan abót nyang ati, nangíng barêng tak lakóni kanthi sênêng, jêbúl dadi guru kuwi nyênêngké. Sabên dina anané múng kumpúl wóng akèh, kåncå akèh, lan mêsthi waé siswå síng akèh. Pancèn aku durúng duwé sisihan, wóng jênêngé pacar waé durúng duwé. Olèhé arêp golèk pacar waé carané piyé? Saiki yèn ora numpak pit móntór sing apík, cah wadón nolèh waé êmóh. Pilíh wóng síng nduwé sêpédha mótór síng apík. Yèn biså yå mobil. Aku dadi wêdi. Yèn istilahé sing ngêtrèn jaréné mindhêr. Sêtahún anggónku dadi guru. Mêsthi waé wis kumpúl kåncå akèh. Malah adané kåncå-kåncå pårå guru bantu nggawé paguyuban. "Sêdulúr sêdulúr, kita iki sênasíb lan sêpêrjuangan. Mulå yèn kita rukún, kompak mênåwå ånå åpå-åpå, bisa ngurús kanthi cêthå lan tumåtå. Mula kabèh kudu mlêbu anggota, síng rumångså biså, månggå dadi kêtua lan pêngurús liyané. Iki kanggo kêpêntingan bêrsama "mêngkono pêmbukané kåncå guru síng nduwé karêp gawé paguyuban. Kabèh pådhå sarujúk, anggotané cacahé satús sèkêt guru såkå sadhêngah tataran. Ya guru SD, guru SMP, guru SMA lan guru SMK. Kabèh guru kóntrak, suwéné têlúng tahún. Yèn wís rampúng êmbúh bakalé piyé durúng ngêrti.. Ånå crita síng nggarês nyang ati. Tansah kèlingan nangíng kudu biså dilalèkaké. Jalaran aku iki guru, sanajan guru bantu. Kåncå guru mêsthi yå akèh, nangíng síng gêlêm cêdhak utåwå gêlêm tak ajak ómóng-ómóng bab pêngalaman dadi guru ora akèh. "Bu, sampun dangu ngastó wóntên mriki? Lajêng dóspundi nggíh dadi guru síng apík, bênêr lan pas niku?" pitakónku. "Ah panjênêngan ki kåyå cah anyar waé. Lho pancèn yå anyar níng wís dadi guru yå kåyå nèk praktèk biyèn nalikå kuliyah kaé lho Pak," mêngkono wangsulané. Sabanjuré katón rumakêt. Yèn ånå åpå-åpå aku takón lan nyuwún pitudúh. Asmané Bu Tutik. Jaréné dadi guru favorit, lan guru têladan. Isíh kênyå sanajan umuré wís kêpala têlu, nangíng isíh katón kaya umur kur-kuran. Sawijiníng dina dhèwèké ngêndikå yèn arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêrké. Lan kanthi prasaja dhèwèké njalúk marang aku supaya gêlêm ngêtêraké. "Pak kêrså nulungi aku tå? Aku ki arêp njagóng, nangíng ora ånå síng ngêtêraké, tulúng Pak yå?" mêngkono kandhané Bu Tutik. Sanajan múng njagóng, nangíng kabèh pådhå ngêrti, malah têrús móyóki aku, jaréné aku pacaran karo Bu Tutik. Sanajan batinku ora nangíng nyatané mêngkono. Lan uga Bu Tutik yå ora naté nolak ómóngané kåncå-kåncå, nangíng ugå ora ngiyani. Kabèh lumaku têrús tanpå ånå bab síng mênjilå. "Pak Múl, jaré kåncå-kåncå guru bantu pådhå arêp dhémonstrasi nyang kantór? Bênêr?" mêngkono pitakoné Bu Tutik, lan aku malah rådå kagèt. "Åpå yå tå Bu, kapan, såpå síng ngêndikå, têrús piyé?" aku malah gênti takón. "Lho njênêngan ki piyé tå. Síng dadi anggota ki rak Panjênêngan dudu aku. Aku múng krungu såkå kåncå, lan tênané kêpriyé programé åpå yå kuduné Njênêngan síng nlusúr".
"Wah ngapuntên Bu. Aku kók ya bodho bangêt. Nuwún ya Bu diparingi ngêrti. Aku tak nggolèki kåncå liyané" wangsulanku cêkak karo klincutan. Sidané aku nggolèki kåncå síng pådhå nasibé. "Piyé jaré arêp dhémo, kapan, nyang ngêndi Kar?" pitakónku nalikó kêtêmu Karnó kåncå kuliyah biyèn. "Wah kowé kuwi jan bénto tênan. Mulang yo ora, gawéyanmu múng pacaran, mulå ora ngêrti kahanan, ora ngêrti pêrkêmbangan. Dhasar bénto Múl," ngono wangsulané karo mêncêrêng. "Ah ya sory. Mbók unèkké åpå waé aku gêlêm, nangíng aku ki yå múng mulang tók. Ora pacaran kaya ómóngané wóng. Malah aku ngêsír murid waé lupút. Hahaha," wangsulanku karo ngguyu. "Ra guyón Mul. Yèn ånå sétan liwat, ngómóngmu dadi tênanan, bakal nêmahi cilåkå. Pókóké ra ngrêmbúg bab ngono kuwi. Sirikané guru yèn tumindaké kåyå mêngkono. Kêjåbå siswå liya sêkolah sak karêpmu. Pókóké ngéné, súk Sêlåså aku karo kåncå-kåncå arêp nggrudúg têlúng panggónan. Sêpisan nyang kantór P dan K. Loro sowan pårå wakíl rakyat, lan têrús nyang balaikota. Ngurús nasíb. Sêbab awaké dhéwé iki wís mèh êntèk kontraké åpå têrús kón nganggúr manèh. Wís kêbacút dadi guru kók ora jêlas nasibé. Sêbab jronéng rapat pêngurús kabèh wís pådhå sêtuju. Jalaran iki mau ndulu pêngalamané pårå tênaga kóntrak síng biyèn. Tau tå ånå kamra kóntrak, banjúr bubar, akèh síng strès ånå síng édan." kandhané Karnó kåyå pêmimpín síng durúng naté dadi. "Lha têrús mêngko yèn ditolak, dibubarké lan dikón nggawé pêrnyataan piyé?" "Ngéné ya cah bagús bénto. Sésúk Minggu kuwi rapat umúm, kabèh kudu têkå. Banjúr nggawé cårå, nggawé syarat. Ya kuwi usulan, kêkarêpan lan tuntutan. Ngêrti ta kowé. Mósók sarjana kók ra mudhêngan ki piyé." Karnó såyå mêncêrêng kåyå biasané. "Iya ya aku mudhêng. Síng durúng mudhêng arêp usúl piyé têrús nuntút piyé?" pitakónku manèh. "Wèh kåyå nêrangké cah èsdé waé kók. Cah bagús Bénto Radèn Múl, rungókna yå. Awaké dhéwé ki kóntrak, yå kudu têrús. Sabanjuré pêmêrintah supåyå gêlêm ngangkat awakké dhéwé yå kabèh guru bantu dadi pêgawé négri. Sébab nyatané kan isíh mbutúhaké tå síng jênêngé guru. Ora susah tèsting manèh, sêbab biyèn yå wis tèsting. Kuwi pókók sing kudu dipêrjuangké sampai kapanpun." Kandané Karnó makantar kantar. kabèh guru Têkan dinå sing wís disarujúké bantu nglumpúk ing lapangan. Nganggo sêragamé guru. Kanthi pêrcåyå diri lan kapitayan síng wís kêplêng, kabèh budhal nyang kantór P dan K. "Sêdulúr-sêdulúr, aku wís ngêrti åpå síng kók karêpké. Nangíng kabèh kudu pådhå ngêrti lan kuduné wís ngêrti. Wéktu iki ånå sapérangan nêgårå Indonésia síng lagi nandhang sungkåwå, yaiku kêpada gêmpa lan banjír sarta tanah lóngsór. Mulå gandhèng kabèh wís pådhå ngêrti, liyå dinå waé bakal tak sêngkuyúng åpå síng dadi karêpmu," mêngkono pidhatoné Képala Dinas P dan K. Kabèh múng pådhå mênêng lan ndómblóng. Ora ånå síng bisa ómóng. Aku iki pancèn sarjana, nangíng yèn diunékaké aku jané yå sêrík. Dupèh sarjana, njúr karêpé dhéwé ora ngêrti kahanané bångså. Liyané pådhå sêngsårå malah nyaru wuwús njalúk wêrnå wêrnå. Ééé kók yå kêbangêtén. Sawêtara sêpulúh mênít ora ånå síng mangsuli. Kêpala Dinas mlêbu kantóré manèh, lan kåncå kåncå bubaran tanpå swårå tanpå pamít. "Ooh guru, iki nasibku." Múng kuwi batinku.
"TERIMA KASIH SUDAH BERKUNJUNG "
Website Kami Yang Lain

Posting Komentar untuk "CERPEN B.JAWA SINGKAT"